Kesenian Jathilan

Jathilan iku tarian tradhisional Jawa sing pemainé utawa panariné migunaaké jaran képang. Tarian iki ana unsur magisé amarga panariné bisa ana sing mendem. Tarian iki digelar kanthi iringan manéka alat musik gamelan kayata: kendhang, saron lan gong. Jeneng tarian iki béda-béda ing sawetara panggonan. Ing tlatah Banyumas diarani 'ebeg', ing sawetara panggonan ing Jawa Tengah diarani 'jaran képang'.
Tarian jathilan iki bisa madeg dhéwé lan bisa uga arupa gabungan karo tarian liya kayadéné réyog lan barongan. Sadurungé tarian iki biasa diwiwiti nganggo tetabuhan gamelan arupa: kendhang, bendhé lan kecer, sarta lawakan utawa dhagelan Penthul (Bancak) lan Tembem (Doyok). Ing sèsi pungkasan kerep ana penari sing nganti ngancik trance (kaya kesurupan). Saliyané kanggo hiburan, tari jathilan uga biasa dianggo prosèsi ritual budaya mistis kayadéné tradhisi tolak bala ing pèrèng Gunung Merapi
Panari jathilan disandhangi werna-werna. Ana raja, prajurit, buta, anoman, barongan, lan penthul. Raja lan prajurit migunaaké jaran képang. Anoman ing jathilan ora mung wujud kethek putih nanging ana uga sing ijo lan abang. kejaba iku penari uga ana sing nganngo properti arupa pedang, pecut utawa cethen.



                                               
      Kesenian Tradisional Jathilan
    TURONGGO WANORO
____________Magelang - Gemilang__________


                               
   



LOGO TURONGGO WANORO















TURONGGO WANORO
___________________________________________________________________________________________________________________________________________
________________________________

foto & disain oleh : Edy Asqi

Lihat juga :

Penulis : Edy Asqi

Artikel Kesenian Jathilan ini dipublish oleh Edy Asqi pada hari 11/09/14. Semoga artikel ini dapat bermanfaat.Terimakasih atas kunjungan Anda silahkan tinggalkan komentar.sudah ada 0 komentar: di postingan Kesenian Jathilan